Selasa, 12 Februari 2013

Contoh pidato Bahasa Jawa


Assalamualaikum Wr.Wbsalamualaikum Wr.Wb
Assalamualaikum Wr.Wb
Bapak Ibu Guru Ingkang kula kurmati
Rencang-rencang ingkang kula tresnani
            Saderengipun kula matur , sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhumateng ngrsanipun Gusti Allah ingkang maha Asih ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sami .
Para rawuh ingkang manuluyo ,
            Ing mriki kula mingkang dados warga sekolah , badhe mbabar babagan lingkungan ingkang ijo.Ingkang dipunwastani ” Ijo ” puniko mboten namung salah satunggaling werna , nanging wonten hubunganipun kaliyan seger , nyaman , lan lingkungan inkang sehat . Wonten pundhi-pundhi tukul wit-witan , woh-wohan , lan suket , tebih saking polusi .Wit ageng-ageng tinata rapi wonten tengen lan kiwanipun sekolah. Mboten wonten godong-godong lan sampah pating semerawut wonten nglebet sekolah.
            Sinten ingkang badhe tanggung jawab njagi lingkungan sekolah dados resik , ijo lan sehat ? Jawabanipun inggih punika ” Kitaa .. kitaaa .. ” warga sekolah . Bilih kita purun disiplin , pramila kita saged mujudaken sekolah kita dados sekolah ijo , lingkunganipun aman , lan nyaman kangge sinau . Lan dipunwiwiti saking sekolah menika , kebersihan , lingkungan sehat saged dipunwujudaken . Kulo pitados bilih para rawuh sarujuk kalehan usulan kula ndadhosake sekolah SMA Negeri 2 Cilacap ijo , lan resik. Pramila sumgga kula ngajak rencang-rencang sedaya njagi sekolah kita , supados tetep resik , sehat , rapi , lan endah , nyaman kangge warga sekolah .
            Makanten ingkang saged kula aturaken bilih kathah klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangapunten .
Wasalamualaikum wr.wb

0 komentar:

Posting Komentar